Buchdetails
Beschreibung
------------------
Sing karan Gedhong Setan, basa Landane 't spookhuis, ing Surabaya jaman Landa biyen (1941 sadurunge Jepang nyerbu Asia Wetan) ana loro. Yakuwi Gedhong Setan ing Pasar Kembang, sing nalika crita iki ditulis (1990) gedhonge isih madeg magrong-magrong ing pernah pucuke Jalan Pasar Kembang yen disawang sako elor, nanging fungsine wis dudu omah papan panggonan. Gedhong kuwi wis suwung wiwit sakupenge gedhong durung dadi pakuburan Cina. Sing sijine 't spookhuis van Tunjungan, yakuwi gedhong ing wilayah Jalan tunjungan, sangarepe Hotel Oranje rada menceng ngalor sithik. Ing Gedhong Setan loro-lorone jarene kerep ono kedadean kang ora bisa kanalar, apamane meja kursi prabot omahe mlaku-mlaku dhewe, mangka ora ana lindhu. Kerep wae wong sing mlebu mrono dikatoni memedi, yakuwi makhluk sing bisa ngilang lan ngaton. Wong banjur padha wedi ngambah gedhong kuwi, lan terus karan Gedhong Setan. Ora mung wong Jawa, wong-wong Landa iya padha percaya mengkono kuwi.
Crita iki ngandhakake Totje, sawenehe pelajar HBS, wong Jawa, sing ora percaya karo anane memedi, dikrubut pelajar HBS sinyo-sinyo Landa liyane kang yakin banget karo anane memedi ing Gedhong Setan. anggone ngrubut padha karo totohan, yen Totje wani mlebu gedhong kono ing wayah bengi malem Jumat, Totje menang. Pranyata lelakone Totje mlebu Gedhong Setan kuwi nemahi bab-bab kang nggegirisi ati.